Thu, 2 Feb 2017 9:54 am
Postingan dari group
Ngaji bareng ustadz

Jamaah : Tanya tadz, hukumnya menikah dengan 
teman sekantor itu bagaimana..?
Ustadz  : Islam memang membolehkan nikah lebih dari 1,
tapi yo ora njur sekantor mbok rabi kabeh, opo kowe ora 
bingung yen golek  jamune...?

Jamaah : Lha kalau nikah sama anak yang masih kuliah 
pripun tadz...? 
Ustadz  : Boleh, tapi kalo bisa nikahnya pas sudah pulang 
kuliah wae, jangan pas di kampus lagi kuliah, ben gak 
ngganggu dosen karo mahasiswa liyane...

Jamaah : Sekarang kalo adzan nggak boleh muni 
banter-banter ya, tadz..?? 
Ustadz  : Gak cuman saiki, wiwit biyen gak oleh muni 
banter banter, adzan ki yo takbir munine Allahu Akbar x4 lan 
sak teruse, ora gembar-gembor muni "banter banter", 
ditapuki wong sak kampung kowe ngko..

Jamaah : Terus hukume ndongakne wong mati, pripun tadz?
Ustadz  : Jelas ra oleh... Sing bener ki ndongakne wong 
dowo umure, lancar rizkine seger kewarasan utowo tetep iman 
lan taqwa ne... Ojo malah di dongakke mati.. Ngerti wonge 
di tapuki kowe...  Lha kae kang paimin, kono neng ngarepane
ndang dongakke mati... Nek ora di pisuhi ngko..!!!! 

Jamaah : Hukume salaman bar sholat pripun tadz?? 
Ustadz  : Yo ora popo, wong bar sholat... Bar sholat ki arep 
nguyuh, ngising yo oleh, sing gak oleh bar sholat terus 
ijol sandal..... koyo kelakuanmu nek jum'atan.. 

Jamaah : Lha nek sholat sarungan pripun tadz??? 
Ustadz  : Batal, wong sholat kok sarungan.. sing bener ki s
arungan dhisik lagi sholat.... 
Mulane kowe nek sarungan sing kenceng, ben gak mlorot 
pas sholat disabuki, opo taleni rafia..!!! ojo koyo cah TK...!!! 
 
Jamaah : Aku takon kok sirahku malah tambah ngelu tadz??? 
Ustadz  : 😀
#justwritesomething
41
Additional Info: